Minggu, 14 November 2010

Menolak Karyawan Calon Pegawai Cara Jawa

 Mungkin karena rutinitas aktivitas kami yang terkadang menjemukan   salah seorang teman saya mengirimkan
email  yang berjudul menolak calon pegawai cara Jawa..... Cukup membuat saya tersanyam senyum sendiri di depan komputer...Maka tak ada salahnya jika saya menshare ini untk anda sekalian

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : Dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo ana kene.
A : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
A : Ah.. mboten, kok. Sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
A : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang-nongkrong ae.

G : Kowe nduwe motor opo ora....?
B : Mboten.
G : Ora ketompo
B : Lho kok mboten ketampi?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
B : Sakjanipun gadhah, ning tasih wonten kampung, gampil mangke kulo
beto
ngriki.
G : Wah malah ra ketompo....
B : Lho kok ngoten...?
G : Tempat parkire wis ra cukup.

G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
C : Sampun, Pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayaré
murah
C : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo.....
C : Lho, kados pundi tho....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék
kerjo
neng perusahaan liyo.

G : Kowé seneng guyon opo ora?
D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel.
G : Ra ketompo.....
D : Waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
D : Sakjané nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon
G : Malah ora ketompo.
D : Lho kok......
G : Engko kowé mung email emailan sing lucu.......

G : Kowé mau mréné numpak opo?
E : Mobil
G : Kowé ora ketompo
E : Sebabipun?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
E : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
G : Tambah ora ketom po
E : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !

G : Anakmu akèh opo sithik?
F : Katah pak
G : Kowé ora ketompo
F : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
F : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
F : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
H : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
H : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
H : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
H : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?

G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung ?
K : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
K : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré
K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
K : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

G : Kowé kerep loro ?
M : Mboten
G : Kowé ora ketompo
M : Sebabipun ?
G : Mesti kerep mbolos, wong arang2 gering
M : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
M : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

G : Kowé biso main Internét?
N : Boten
G : Ora ketompo
N : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet)
N : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
N : Lho, lha kok ... ?
G : Mesti ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?
Ngenték-entekké pulsa !

G : Kowe waras opo ora?
O : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
O : Kenging nopo .....?
G : Mengko kowe mesti ora krasan ana kene.
O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
O : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan..........

6 komentar: